Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Ketemu Mbak Gingsul

Aku arep melu-melu Mbak Ely posting ngganggo Basa Jawa.

Kala wingi, aku lunga nang Surabaya. Aku ketemu kancaku jenenge Mbak Niar. Wonge ayu, manis, apikan, grapyak, wah aku isa diwenehi sak yuta ki karo Mbak Niar. Pisanan aku ketemu Mbak Niar ki akhir April taun iki, nang City of Tomorrow, Surabaya. Pas kae aku dikancani karo mbakku, Mbak Lis. Sing keri iki aku dewekan. Mbak Niar kuwi wonge gayeng mangkane aku seneng karo Mbak Niar, ahaiiiii!

Awale arep ketemu dina setu, 10 November, nanging Mbak Niar kudu lunga menyang Jogja lan Solo. Deweke uga nawani arep ngejak dolan lan muteri Surabaya, nanging ora sido, amarga ana acara nang loro kutha mau kae. Sidane ketemu jemuwah bengi, nang panggonan sing padha karo sing pertama ketemu. Montor mabur sing tak tumpaki telat, aku wis ora yakin isa ketemu deweke, eh jebul Mbak Niar yo lagi ujian nang kampuse.

Gelem cireng?
Tekan Cito, Mbak Niar SMS aku yen deweke wis tekan. Aku mlaku munggah, eh lagi ngaca nang ngarep eskalator ana sing nyeluk, "cewek." Wah iki mesthi Mbak Niar ki... sapa maneh. Njuk salaman lan liya-liyane. Mbak Niar kuwi supergirl mergane sedina kuwi nyambut gawe, kuliah, ujian maneh, njuk mbengine ketemu aku, lan deweke ki isih seger, ceria, energik, setiap saat. Sumprit. Jare, deweke ora duwe udel, tegese, ora duwe kesel. Mbuh ya yen udel tenanan.

Mbak Niar nraktir aku, asik asik. Aku ditukoke es teh, cireng, lan Mbak Niar kepengen nyoba Takoyaki. Aku ditakoni Takoyaki kuwi enak apa ora, aku bingung, sebabe kanggo aku, kabeh ki enak je. *ngapusi ding. Bar kuwi, aku diwenehi Mbak Niar bando lan aku milih sing warna pink lan ungu, apik. Matur nuwun yo, Mbak.

Takoyaki... enakkk!
Banjur, wis jam setengah sepuluh luwih aku diterke Mbak Niar nganggo Bity-ne nang omah budheku, ora adoh saka panggonan awake dewe ketemu. Tekan omah budheku wis jam 10, mbuh deweke tekan omahe nang Sidoarjo jam piro. Mesthi kesel banget, nanging jare deweke ora. Wow!

Oiya, aku lan Mbak Niar ora lali foto-foto lho. Narsis narsis. Nganti dideloke wong liya, ben!

Mbak Niar mangane akeh banget, rek.

Iseng wae tak mosaic...
Ahahaha, terjemahannya: aku ketemu Mbak Niar!

❤❤❤

Angel juga rek nulis Basa Jawa. Aku ratau ngomong Basa Jawa sebanyak itu -_-"

85 komentar untuk "Ketemu Mbak Gingsul"

  1. Walah Un, fotomu lapo di mozaic barang, to?
    Mumetz aku baca postingan basa jawa. Hihihihi

    BalasHapus
    Balasan
    1. Iseng ae mbak...
      Aku yo mumet nulise :P

      Hapus
    2. Akhirnya fotonya di Blur kembali. Bek to besik. Hidup blur fotone. Hidup Mba Una. Yessss

      Hapus
  2. wakakaka sumprit aku ngakak bacanya, plus harus mengartikan satu persatu kata2 nya, eeh tau ndak mbak un, itu foto ayuan di mozaik jeh :p #kaboorrr :D

    matur suwun yoo mbak un ketemu aku :D

    BalasHapus
    Balasan
    1. Wah semprul koen... Aku takut kalo gak di mozain pada naksir wkwkwk.
      Aku yang matur nuwun. :P

      Hapus
    2. bagus toh akeh sing naksir ntar tinggal pilih :p wakakakka :D

      Hapus
    3. Hehe sekarang aja udah bingung milihnya je mbak wkwkwk

      Hapus
    4. Pancen awakmu iku emang seneng mbolang alias kelayapan ae Un..Aku yo jane bingung, fotomu kok senengane di blur ngono, mirip koyo para tersangka sing di shoot kamera TV haha

      Hapus
  3. aku mau cirengnyaaaaaa! Niar ki awake cilik, jebul maeme akeh to? ckckck... *malah ngrasani*

    jenengmua ganti neh yo, Na? dadi Untje meneh.

    BalasHapus
    Balasan
    1. Nang Aceh ora ono Cireng po mbak? Hooh, ora duwe udel kan ra tau wareg.
      Hooh ganti no, menjelang natal je. *waton njeplak

      Hapus
    2. wkwkwk. ngko nek menjelang tahun baru ganti jeneng meneh, na :P

      Hapus
    3. Hooh, tak mikir mikir jenenge...

      Hapus
  4. hahaha,...apik nduk bosomu.meh njiplak ah...wkwkwkwk
    awas we ooo ngerjain wong tuwo. C8'an malah ditinggal angkrem nggon pojokan....wkwkwk

    BalasHapus
  5. Asyik.... Una ketemuan sama Niar jadi seru nih ! wkwkwk.....
    banyak cerita dan moment yang tentunya tirak terlewatkan tentunya.

    Sukses selalu
    Salam Wisata

    BalasHapus
  6. saake men seng ngga ngarti boso jowo wekekekek
    tetep ae fotone mb' una diblurrr :D

    BalasHapus
    Balasan
    1. Jarno ae... wis tak wenehi terjemahan kuwi lho, wekekeke...

      Hapus
  7. Alhamdulillah, aku wes sue manggon nang Jowo, dadi ngerti postingan iki, meski jowone rodok bedok ambek malang n suroboyoan he he he.... wuih koyoke ketemuane seru yo...

    BalasHapus
  8. sering yo Mbak, Sampeyan ketemu konco-konco blog ngono iku. pantes awet ceria

    BalasHapus
    Balasan
    1. Hehe gak juga, tapi aku kkan emang ceria!

      Hapus
  9. hiks postingan kali ini kejaam aku gak ngertiiiii

    BalasHapus
  10. kulo mboten ngertos panjenengan menika ngendikan menapa.
    menawi wonten kalepatan kulo nyuwun ngapunten nggih mbak.
    #loh
    plencingggggggg...

    ayu asline yoh? :D

    BalasHapus
    Balasan
    1. MBAK NIARRR KII WACANEN!!!

      Plencing tuh apa sih mas...
      Kamu suka bilang entutmu plencing...

      Hapus
    2. kakakkakakakka ... entut plencing iku opo tah ?

      Hapus
    3. Takonana dewe mbak... wkwkwk...

      Hapus
    4. plencing menika dhaharan khas sangking india. :p

      Hapus
    5. Masuk spam...
      India wae :P
      Ayo mas ke India :P

      Hapus
    6. ih, sensi amat blognya..
      nehi nehi Un

      Hapus
    7. Hihihi sensi kek yang punya dongs

      Hapus
  11. um ... kirain gingsul yang lainnya :D

    BalasHapus
  12. unaaaa...suwi aku nggak mampir rene...tak komen nganggo jowo yo un...hehe..

    endi bando sing ungu lan pink...kok ora di poto...?



    BalasHapus
    Balasan
    1. Wahihi males masukin foto, masih di kamera soale hehehehe

      Hapus
  13. fiiuuhhhh,,,yo yo yo ono wong jowo

    BalasHapus
  14. wkakwkkwkw. . .
    Seleb ketemu seleb. .. . :P

    Nyong be iya, ngesuk pan publish nganggo bahasa ngapak. :D

    BalasHapus
    Balasan
    1. Selab seleb, tak kethak rika mbak...

      Wong Mbanjar pak melu-melu nyonge :P

      Hapus
  15. Toss dulu Unaaaaaaaaaa ... asyiiikkk .. aku ono koncone mosting nganggo boso Jowo !!

    kerep kerepe wae yo nulis nggo boso Jowo, kereeennnnnn soale kakakakkakaka

    iku cireng karo Takoyaki pakan opo tah kakakka .. ora ono sego pecele .. aduh .. ngakak aku !!

    BalasHapus
    Balasan
    1. Wahahahaa TOSS!

      Kuwi pecele wong Jepang mbak. Kurang krupuk wae...

      Hapus
  16. asli sy roaming banget bacanya.. Pokoknya sy cuma taunya kopdar sm Niar :p

    BalasHapus
  17. niar jilbabnya aneh2 sekaranga ya..
    kemarin ketemu saya jilbabnya biasa aja.. :D

    BalasHapus
    Balasan
    1. Wah Mas Ibnu perhatian amat...
      Aku gak tau besok jilbabnya piye meneh...

      Hapus
  18. aduh jadi pusing nih una hehehe pokoknya selamat deh udah kopdar gitu aja deh

    BalasHapus
  19. mantap...
    tambah akeh sing gelem nulis nganggo basa daerah
    ayo un digawe minimal seminggu pisan yo
    tak dukung deh...

    BalasHapus
    Balasan
    1. Dukung kata atau doa doang gak maooo...
      Materi om... wkwkwkwk

      Hapus
    2. dasar materialistis...

      *kirim semen, pasir...

      Hapus
    3. Kuraaaanggg...
      Kurang paku, bata...

      Hapus
  20. jumpa fans neng endi kui?kwkwk

    BalasHapus
  21. hahaha,,, dikulinakno maning yoo/

    kapan-kapan aku arep tiru ahh

    BalasHapus
  22. manteb Un ...aku kok yo dadi pengen postingan boso jowo :D
    mbak Gingsul supergirl tenan ... sedino ra leren ...

    BalasHapus
    Balasan
    1. Hahaha coba om... :D
      Hooh supergirl... kancane superman

      Hapus
  23. opo'o kok rai mu disensor ngono? isin tah? :P

    BalasHapus
    Balasan
    1. roaming. Kasihan akuh nda bisa bahasa jawa nih. Taunya cuma Matur suwun doangan. Hiks hiheiheiheiheee

      Hapus
    2. Wahahaha iya aku isin je :P

      Hapus
  24. Kata awal kuwi ora "Kala Wingi" tapi "Dek wingi"
    Nek Kala Wingi kuwi basa, padahal sing dikarepke kan ngoko...
    Tapi secara umum Bahasa Jawamu udah oke maroke...
    Aku seneng nek maca postingan nganggo basa Jawa

    BalasHapus
  25. kebiasaan di blur fotonya mbak Una, nyangopo tho mbak.... :D

    BalasHapus
  26. dari judul e saya wes ngerti mbak Un kalo manusia gingsul itu mbak niar hahaha
    eh kalo gingsul emang gak sliliten ta mbak kalo makan cireng??
    *penasaran

    BalasHapus
  27. wah kopdar kemana mana dirimu ternyata ya... luar biasa... the real blogger nih... sukses buat dirimu salam buat mba niar ya...

    BalasHapus
  28. Una, Na,,,
    itu rambut diwarnai atau asli?? keyennn

    BalasHapus
  29. ampun mbake, ora mudeng ana
    cuma ngerti sebagian doang hahaha
    koplak nih bahasa ngapaknya dikeluarin

    BalasHapus
  30. Pose gingsul Niar ...
    nggak banget ...
    hahahahaha ....

    look at the face ...
    mupeng-mupeng gemanaaaa getoh ...

    salam saya
    This is the beauty of blogging

    BalasHapus