Aku arep melu-melu Mbak Ely posting ngganggo Basa Jawa.
Kala wingi, aku lunga nang Surabaya. Aku ketemu kancaku jenenge Mbak Niar. Wonge ayu, manis, apikan, grapyak, wah aku isa diwenehi sak yuta ki karo Mbak Niar. Pisanan aku ketemu Mbak Niar ki akhir April taun iki, nang City of Tomorrow, Surabaya. Pas kae aku dikancani karo mbakku, Mbak Lis. Sing keri iki aku dewekan. Mbak Niar kuwi wonge gayeng mangkane aku seneng karo Mbak Niar, ahaiiiii!
Awale arep ketemu dina setu, 10 November, nanging Mbak Niar kudu lunga menyang Jogja lan Solo. Deweke uga nawani arep ngejak dolan lan muteri Surabaya, nanging ora sido, amarga ana acara nang loro kutha mau kae. Sidane ketemu jemuwah bengi, nang panggonan sing padha karo sing pertama ketemu. Montor mabur sing tak tumpaki telat, aku wis ora yakin isa ketemu deweke, eh jebul Mbak Niar yo lagi ujian nang kampuse.
![]() |
Gelem cireng? |
Tekan Cito, Mbak Niar SMS aku yen deweke wis tekan. Aku mlaku munggah, eh lagi ngaca nang ngarep eskalator ana sing nyeluk, "cewek." Wah iki mesthi Mbak Niar ki... sapa maneh. Njuk salaman lan liya-liyane. Mbak Niar kuwi supergirl mergane sedina kuwi nyambut gawe, kuliah, ujian maneh, njuk mbengine ketemu aku, lan deweke ki isih seger, ceria, energik, setiap saat. Sumprit. Jare, deweke ora duwe udel, tegese, ora duwe kesel. Mbuh ya yen udel tenanan.
Mbak Niar nraktir aku, asik asik. Aku ditukoke es teh, cireng, lan Mbak Niar kepengen nyoba Takoyaki. Aku ditakoni Takoyaki kuwi enak apa ora, aku bingung, sebabe kanggo aku, kabeh ki enak je. *ngapusi ding. Bar kuwi, aku diwenehi Mbak Niar bando lan aku milih sing warna pink lan ungu, apik. Matur nuwun yo, Mbak.
![]() |
Takoyaki... enakkk! |
Banjur, wis jam setengah sepuluh luwih aku diterke Mbak Niar nganggo Bity-ne nang omah budheku, ora adoh saka panggonan awake dewe ketemu. Tekan omah budheku wis jam 10, mbuh deweke tekan omahe nang Sidoarjo jam piro. Mesthi kesel banget, nanging jare deweke ora. Wow!
Oiya, aku lan Mbak Niar ora lali foto-foto lho. Narsis narsis. Nganti dideloke wong liya, ben!
![]() |
Mbak Niar mangane akeh banget, rek. |
![]() |
Iseng wae tak mosaic... |
Ahahaha, terjemahannya: aku ketemu Mbak Niar!
❤❤❤
Angel juga rek nulis Basa Jawa. Aku ratau ngomong Basa Jawa sebanyak itu -_-"
Walah Un, fotomu lapo di mozaic barang, to?
ReplyDeleteMumetz aku baca postingan basa jawa. Hihihihi
Iseng ae mbak...
DeleteAku yo mumet nulise :P
Akhirnya fotonya di Blur kembali. Bek to besik. Hidup blur fotone. Hidup Mba Una. Yessss
DeleteAku masih hidup horeee!
Deletewakakaka sumprit aku ngakak bacanya, plus harus mengartikan satu persatu kata2 nya, eeh tau ndak mbak un, itu foto ayuan di mozaik jeh :p #kaboorrr :D
ReplyDeletematur suwun yoo mbak un ketemu aku :D
Wah semprul koen... Aku takut kalo gak di mozain pada naksir wkwkwk.
DeleteAku yang matur nuwun. :P
bagus toh akeh sing naksir ntar tinggal pilih :p wakakakka :D
DeleteHehe sekarang aja udah bingung milihnya je mbak wkwkwk
DeletePancen awakmu iku emang seneng mbolang alias kelayapan ae Un..Aku yo jane bingung, fotomu kok senengane di blur ngono, mirip koyo para tersangka sing di shoot kamera TV haha
Deleteaku mau cirengnyaaaaaa! Niar ki awake cilik, jebul maeme akeh to? ckckck... *malah ngrasani*
ReplyDeletejenengmua ganti neh yo, Na? dadi Untje meneh.
Nang Aceh ora ono Cireng po mbak? Hooh, ora duwe udel kan ra tau wareg.
DeleteHooh ganti no, menjelang natal je. *waton njeplak
wkwkwk. ngko nek menjelang tahun baru ganti jeneng meneh, na :P
DeleteHooh, tak mikir mikir jenenge...
Deletehahaha,...apik nduk bosomu.meh njiplak ah...wkwkwkwk
ReplyDeleteawas we ooo ngerjain wong tuwo. C8'an malah ditinggal angkrem nggon pojokan....wkwkwk
Sopo siii sing ngerjain wong tuwo.
DeletePak aring ngising kok gak entuk...
roaming.............
DeleteLalalala
DeleteAsyik.... Una ketemuan sama Niar jadi seru nih ! wkwkwk.....
ReplyDeletebanyak cerita dan moment yang tentunya tirak terlewatkan tentunya.
Sukses selalu
Salam Wisata
Pastinya...
Deletesaake men seng ngga ngarti boso jowo wekekekek
ReplyDeletetetep ae fotone mb' una diblurrr :D
Jarno ae... wis tak wenehi terjemahan kuwi lho, wekekeke...
DeleteAlhamdulillah, aku wes sue manggon nang Jowo, dadi ngerti postingan iki, meski jowone rodok bedok ambek malang n suroboyoan he he he.... wuih koyoke ketemuane seru yo...
ReplyDeleteHihihi, lha po o...
DeleteSeru dong :D
sering yo Mbak, Sampeyan ketemu konco-konco blog ngono iku. pantes awet ceria
ReplyDeleteHehe gak juga, tapi aku kkan emang ceria!
Deletehiks postingan kali ini kejaam aku gak ngertiiiii
ReplyDeleteHihihihi...
Deletewaduh lper,ni mbk
ReplyDeleteMangan bro...
Deletekulo mboten ngertos panjenengan menika ngendikan menapa.
ReplyDeletemenawi wonten kalepatan kulo nyuwun ngapunten nggih mbak.
#loh
plencingggggggg...
ayu asline yoh? :D
MBAK NIARRR KII WACANEN!!!
DeletePlencing tuh apa sih mas...
Kamu suka bilang entutmu plencing...
kakakkakakakka ... entut plencing iku opo tah ?
DeleteTakonana dewe mbak... wkwkwk...
Deleteplencing menika dhaharan khas sangking india. :p
DeleteMasuk spam...
DeleteIndia wae :P
Ayo mas ke India :P
ih, sensi amat blognya..
Deletenehi nehi Un
Hihihi sensi kek yang punya dongs
Deleteoke oke
DeleteHuw elek
Deleteben :D
Deleteum ... kirain gingsul yang lainnya :D
ReplyDeleteMaksude piye kuwi
Deletegeje
Deletehm .. ada deh :D
DeleteAwakku njaluk cirenge... :9
ReplyDeleteMoh...
Deleteunaaaa...suwi aku nggak mampir rene...tak komen nganggo jowo yo un...hehe..
ReplyDeleteendi bando sing ungu lan pink...kok ora di poto...?
Wahihi males masukin foto, masih di kamera soale hehehehe
Deletefiiuuhhhh,,,yo yo yo ono wong jowo
ReplyDeleteYo yo yo...
Deletewkakwkkwkw. . .
ReplyDeleteSeleb ketemu seleb. .. . :P
Nyong be iya, ngesuk pan publish nganggo bahasa ngapak. :D
Selab seleb, tak kethak rika mbak...
DeleteWong Mbanjar pak melu-melu nyonge :P
Toss dulu Unaaaaaaaaaa ... asyiiikkk .. aku ono koncone mosting nganggo boso Jowo !!
ReplyDeletekerep kerepe wae yo nulis nggo boso Jowo, kereeennnnnn soale kakakakkakaka
iku cireng karo Takoyaki pakan opo tah kakakka .. ora ono sego pecele .. aduh .. ngakak aku !!
Wahahahaa TOSS!
DeleteKuwi pecele wong Jepang mbak. Kurang krupuk wae...
asli sy roaming banget bacanya.. Pokoknya sy cuma taunya kopdar sm Niar :p
ReplyDeleteAhahaha :P
Deleteniar jilbabnya aneh2 sekaranga ya..
ReplyDeletekemarin ketemu saya jilbabnya biasa aja.. :D
Wah Mas Ibnu perhatian amat...
DeleteAku gak tau besok jilbabnya piye meneh...
aduh jadi pusing nih una hehehe pokoknya selamat deh udah kopdar gitu aja deh
ReplyDeleteAhahahaha... minum panadol mbak :P
Deletemantap...
ReplyDeletetambah akeh sing gelem nulis nganggo basa daerah
ayo un digawe minimal seminggu pisan yo
tak dukung deh...
Dukung kata atau doa doang gak maooo...
DeleteMateri om... wkwkwkwk
dasar materialistis...
Delete*kirim semen, pasir...
Kuraaaanggg...
DeleteKurang paku, bata...
jumpa fans neng endi kui?kwkwk
ReplyDeleteAhahaha... di mana aja boleee...
Deletehahaha,,, dikulinakno maning yoo/
ReplyDeletekapan-kapan aku arep tiru ahh
Angel je tapi T.T
Deleteroamingggggggg
Deletemanteb Un ...aku kok yo dadi pengen postingan boso jowo :D
ReplyDeletembak Gingsul supergirl tenan ... sedino ra leren ...
Hahaha coba om... :D
DeleteHooh supergirl... kancane superman
opo'o kok rai mu disensor ngono? isin tah? :P
ReplyDeleteroaming. Kasihan akuh nda bisa bahasa jawa nih. Taunya cuma Matur suwun doangan. Hiks hiheiheiheiheee
DeleteWahahaha iya aku isin je :P
DeleteKata awal kuwi ora "Kala Wingi" tapi "Dek wingi"
ReplyDeleteNek Kala Wingi kuwi basa, padahal sing dikarepke kan ngoko...
Tapi secara umum Bahasa Jawamu udah oke maroke...
Aku seneng nek maca postingan nganggo basa Jawa
Oh gitu... wkwkwk okeee...
Deletekebiasaan di blur fotonya mbak Una, nyangopo tho mbak.... :D
ReplyDeleteSak sak ku to :P
Deleteroaming je... ahhahaha :p
ReplyDeleteMasak ta?
Deletedari judul e saya wes ngerti mbak Un kalo manusia gingsul itu mbak niar hahaha
ReplyDeleteeh kalo gingsul emang gak sliliten ta mbak kalo makan cireng??
*penasaran
wah kopdar kemana mana dirimu ternyata ya... luar biasa... the real blogger nih... sukses buat dirimu salam buat mba niar ya...
ReplyDeleteUna, Na,,,
ReplyDeleteitu rambut diwarnai atau asli?? keyennn
ampun mbake, ora mudeng ana
ReplyDeletecuma ngerti sebagian doang hahaha
koplak nih bahasa ngapaknya dikeluarin
Pose gingsul Niar ...
ReplyDeletenggak banget ...
hahahahaha ....
look at the face ...
mupeng-mupeng gemanaaaa getoh ...
salam saya
This is the beauty of blogging
Roaming aku joo... (>.<)
ReplyDelete